Rabu, 11 Mei 2011

Wula Bukane Dusun Karang

Ngayogyakarta Jenenge Tumenggung Pawiroyudho. Tumenggung Pawiroyudho iku disegani karo poro Rikala jaman semono  ono salah sijine Abdi Dalem soko penduduk,amargo Tumenggung Pawiroyudho nduweni sifat welas asih lan ngerteni marang rakyate.nganti sak tilar donyone,warga iseh ngeramatke pasarehane Tumenggung.menurut sumber,Tumenggung iku nduweni utusan seng awujut kewan yaiku manuk derkuku.sopo seng nangkap manuk derkuku kui,bakal loro.Lan do percoyo yen pasarehane iku isoh nggo golek wangsit.seng golek wangsit ora gor penduduk sekitar tapi soko ngendi-ngendi.menurut sumber,jare seng kuat lelaku no pasarehane Tumenggung opo seng dadi penjalukane bakal dikabulke karo Tumenggung.Allohualam....kabeh mau yo bali karo seng nggawe urip.
Tembung Karang  asale soko tembung sansekerta seng artine klopo. Jaman mbiyen deso Karang kuwi akeh tegalan utowo lahan leng dinggo pendudukke kanggo nandur  wit-witan gede. Lan penghasilane akeh-akeh. Jaman mbiyen akeh wong leng pindah  saking daerah-daerah liyo menyang  dusun karang . Salah sijine eneng leng nggowo watu karang di enggo papak utowo patok tegalan utowo lahan leng di nduweni. Barkuwi soyo suwe patok ane leng nganggo karang soyo akeh lan sak iki uwes podo ora nganngo karang menawi sakniki ngangge galengan.
Jaman mbiyen eneng kali neng deso karang leng jenenge Kali NJUMEK lan SRI KUWET. Kali kuwi  mbiyen enek watu-watu karang akeh banget neng kono. Ndek mbiyen nganti sak iki kali kuwi ijek enek lan watu-watu karang’nge ijeh ono rag ketang sitik. Kali kuwi aket mbiyen nganti sak iki di anggep mistik karo masyarakate. Soale enek sing nunggu Ulo gedhe seng di kramatke. Seng ngerong neng ngisor watu karang neng pinggir kali.
Cekap semanten anggenipun kula nulis wula bukane dusun karang.  Anggenipun kula nulis nggadahi kalepatan kulo nyuwun pangapunten.

Matur Sembah Nuwun....



Nama: Aji Cahyo Nugroho
No    : 03
Klas  : X_2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar